Lirik Sya'ir Sholawat Iwak Dendeng
Syair Iwak Dendeng
Iwak Dendeng ono iwak Sepat
Percuma ganteng ra seneng sholawat
Mubang mubeng ngalor ngidul kok ora sholat
Eling eling eling eling sikso akhirat
Suroboyo Jawa Timur
Hei poro konco yuk podo diatur
Wayah ngaji, wayah sholat, wayah ngluyur
wayah kerjo kanti teratur
Allahumma sholli wa salim ala
Sayyidina wa maulana Muhammadin
Adadama Fiilmila hisholatan
Daimatan bidawami mulkillahi
Tuku pecel lawuh tempe
Urip ng dunyo kui ora sue
Ibarate mung mampir ngombe
Mulo ojo podo gumede
Tuku pecel lawuh tempe
Urip ng dunyo kui ora sue
Mending rene Sholawatan wae
Golek ridho lan Syafaate
Lontong tahu ono lontong sate
Hee.. mbak mbak sing ayu ojo galau ae
Mending shola-watan ben adem atine
Bonus nyawang ganteng kyaine
Angin banter ngrusaki tanduran
Santri pinter remen sholawatan
Mergo golek ridhone pengeran
Tambahing raket paseduluran
Angin banter ngrusaki tanduran
Monggo sedulur tumut sholawatan
Sareng sareng teng (diisi nama daerah)
(diisi nama grup hadroh) memang menawan
(diisi nama kyai) memang panutan
Komentar
Posting Komentar